Rabu, 23 Oktober 2019

Wiwit Aku Isih Bayi

Wiwit aku isih bayi,wong tuwa sing ngopeni
Nganti tumeka saiki, lair batin gemati.
Mangkat sekolah  aku disangoni,
Sandhang pangan wus mesthi.
Mula aku kudu ngerti, mbangun turut ngajeni.

Keparenga amba matur dhateng bapak lan ibu.
Nyuwun berkah lan pangestu, Amrih langgeng rahayu.
Atur panuwun mbo kekalih, Kinanthen sembah bekti.
Sageda nulad tresnanta, guyup rukun slaminya.

0 komentar:

Posting Komentar

 
About Dee Blogger Template by Ipietoon Blogger Template