Jaman
bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu
arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang
Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging
sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire
ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.
Ing
desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge
Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih.
Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa
ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir
mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih
ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang
Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang
Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan
aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu
lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan.
Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.
Sawijining
ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan
beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang
putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo
nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang
Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang
kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan
liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih
ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake
dewek.
Esuk
iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh
ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik
sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet
masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar
salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung
tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh.
Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu.
Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine.
"Dasar
crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet
klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"
Bawag
Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing
kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu
klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing
nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan
srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone.
Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli
teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko."
"Iya
cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu,"
wangsale paman.
"inggih
paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri
kali.
Dina
wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang
kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang
Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang.
"Kulonuwun...!salam
Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang.
"Sapa
koe nduk?" takon mbah kui.
"Kulo
Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki
sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang
putih.
"Ulih
nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe.
"Nggih
mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya.
Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi
kui," si mbah ngomong.
"Ya
aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene.
Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe.
"nggih
mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih
kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem.
Seminggu
Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal
pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.
"Nduk,
wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan
ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe
ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe.
awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih
milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng,"
omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.
Dung
tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur
Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete
Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget.
Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung
tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh
maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih
langsung cerita apa anane.
NGrungu
ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo
nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan
mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya
Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya
Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan.
Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu
mbah ngolihna Bawang Abang mulih.
"Bilih
Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?"
takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang
loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan
tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.
Gutul
omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh
sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga
meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu
seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane.
Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui
walesan kanggo wong sing serakah.
0 komentar:
Posting Komentar